Saturday, September 8, 2012

Zodiak jowo :



1. Pirgo -
Pengggawean sing cocok: dagang jengkol. Keuangan:
dedel duel. Asmara: golek sing rodo waras.


 2. Akuwarius -
Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedhek.
Keuangan: nyilah-nyilih wae. Asmara: Sedhelo meneh
jomblo, dikepret calon mertuwo. 


3. Piskes -
Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg
ning protelon. Keuangan: Ledeh kabeh,kakehan
petingsing. Asmara: ditol

ak meneh. 
 
4. Ariyes -
Penggawean sing cocok: ngedusi wedhus. Keuangan:
kakehan utang, gaji kepotong terus. Asmara: benakno
disik raimu. 
 
5. Tawurus -
Penggawean sing cocok: Ngarit pakan wedhus karo
dagang kersen. Keuangan: kapusan konco dewe. Kudu
diruwat. Asmara: ga payu payu, ganti pelet-e. 
 
6. Gemini -
Penggawean sing cocok: Nyuloh welut, bekicot.
Keuangan: kurangajar, ngedoli warisan mertuwo.
Asmara: ra jelas...pacare kono-kene, mbuh sing endi. 
 
7. Kanser -
Penggawean sing cocok: Macul, matun. Keuangan:
sekarat, nyedhaki bangkrut. Asmara: ra ono sing
gelem, modal tipis. 
 
8. Leyo -
Penggawean sing cocok: nyebleki tukang jamu.
Keuangan: ribet tenan, ra gablek tenan. Asmara: ati2
kepelet, karo dukun. 
 
9. Libra -
Penggawean sing cocok: ngorek-ngorek sampah yen
ora Tukang beling. Keuangan: ra becus golek duit.
Asmara: malem minggu mengko pacarmu nyidam
oblok-oblok petei. 
 
10. Sekorpio -
Penggawean sing cocok: Mbenakno genthenge
tanggamu. Keuangan: podo karo wingi bokek, Asmara:
duwe pacar penyakitan 
 
11. Sagitariyus -
Penggawean sing cocok: Ngresiki kolam, yen ono
wektu nyopeto ning pasar. Keuangan: bojomu ngadat
njaluk tambahan duit dapur. Asmara: ditempilingi wae
karo bojomu,jal takon ro dukun! 
 
12. Kaprikorn -
Penggawean sing cocok: Dagang kerupuk Keuangan:
Nguwatirake, waspada debt kolektor! Asmara: hambar,
pacarmu njaluk berlian, ajur juuuuurr..

#ozil @berbagi pengetahuan menarik

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | JCpenney Printable Coupons